GEGURITAN

MERAPI

Jeritan tangis podo pating jlerit
rikolo keprungu kentongan ditabuh titir
sworo spreker ono mushola lan masjid
podo ngumumake ....
kabeh wargo supoyo cepet cepet ninggalake omah
nuju nang penampungan pengungsi
yen wis koyo mengkono ...
rasane awak lemes gemeter ....
krungu yen merapi wis ngetokake wedus gembel
duh ...... Gusti ....
kulo nyuwun pangapunten.
paringono keluargo kulo keslametan...
karaharjan....
amin..



Pepujaning Ati


Sumedot rasane ati...
ing wengi iki
kelingan marang sliramu.....
duh cah ayu ..............
saiki sliramu ana ngendi
wis pirang pirang dina
sliramu tansah reridu atiku
aku kangen...aku wis ra kuat
kepengin petuk sliramu
kepengin ngerti pawartamu
senajan sak kedeping netra
aku pengin ketemu
karo sapa..... aku kudu takon
kabeh pada rangerti
cumondoking sliramu
duh cah ayu
tegane atimu gawe bingunge atiku
kara reridumu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar